ANDHE- ANDHE LUMUT
( WATERMANIK VILLAGE )
Ing desa Watermanik ana perayaan lamarane
Panji Asmarabangun karo Dewi Sekartaji.Ujug-ujug ana lindu kang gedhe, kabeh
wong panik lan bubar dhewe-dhewe. Dewi Sekartaji uga mlayu terus,nganthi ora
ngerti daerah ingkang dilewati sehingga mlebu ing tengah alas.Nanging Panji
Asmarabangun isih ing kana.Banjur ngerti yen Dewi Sekartaji lunga,Panji
gela.Dheweke terus lunga nggoleki Dewi Sekartaji lan ngganti asmane dadi
Andhe-Andhe Lumut.Panji akhire tinggal ing omahe Bu Dhadapan.
Sawetara kuwi,amargakeselen Dewi
Sekartaji akhire semaput ing alas.banjur wis tangi,Dewi Sekartaji ora ngerti
dheweke ana ing ngendi.Dewi Sekartaji mlaku-mlaku lan weruh villa kang apik ing
pinggir alas.Dewi Sekartaji lansung marani villa kuwi.
ADEGAN 1
Dewi Sekartaji : “
Kulanuwun.....Permisi.....Spada.....! ”
Dewi Biru : “ (mbuka lawang) Kowe
sapalan arep ketemu sapa ? ”
Dewi Sekartaji : “ Kula Dewi,kula
niki kesasar ing mriki.Kula nyuwun ijin kangge tinggal ing mriki lan kula
nyuwun dadekaken kula niki adhine sampeyan,please... ”
Dewi Biru : “ Whattt? Arep dadi
adhiku ? Sorrryy ya,omah iki wis kebak ! ”
Dewi Sekartaji : “ Please,kula purun
dikengken napa mawon. ”
Dewi Biru : “ Plas plis,plas
plis,mbok kira aku onde-onde ceplis apa? Lunga wae kana ! ”
Tapi Dewi Skartaji tetep meksa. Akhire ibune Dewi Biru melu metu.
Bu Wati : “ Ana apa tha iki kok
ribut-ribut? (ngampiri Dewi Sekartaji) Lho,sapa iki ? Ayu banget kowe tha, nduk...?
”
Dewi Sekartaji : “ Bu,kula Dewi,kula
niki mboten gadhah griya.Kula nyuwun didadosaken anggota ing keluwarga
niki,Please...
Bu Wati : “ Yo wis,kowe mlebu
dhisik. Ayo ! ”
Dewi Pink : “ Alah,Bu..Ora ana
gunane nanggepi dheweke. ”
Dewi Biru : “ Iya,,lagian ing kene
wis akeh wong wadon,Bu ! ”
Bu Wati meneng lan mikir-mikir.
Bu Wati : “ Yo wis,nduk cah ayu.Kowe
intuk tinggal ing kene.Tapi kowe kudu ngrewangi gawean ing omah iki ya,nduk? ”
Dewi Sekartaji : “
Inggih,Bu.Maturnuwun...Maturnuwun sanget,Bu ! ”
Bu Wati : “ Ya.By the way,jeneng
lenkapmu sapa tha nduk? ”
Dewi Sekartaji : “ Asmanipun kula
Dewi,Bu! ”
Bu Wati : “ Mmm...amarga klambimu kuning-kuning,kowe
tak undang Dewi Kuning.Lha nak iki mbakyu-mbakyumu,iki Dewi Biru lan iki Dewi
Pink.”
Akhire Dewi Sekartaji tinggal ang omahe Bu Wati la asmane diganti dadi Dewi Kuning,nanging ing kana Dewi Sekartaji kerep dikongkoni Dewi Biru lan Dewi Pink.
Dewi Pink : “ Dewi Kuning,Dewi
Kuning ! ”
Dewi Kuning : “ Dalem, wonten punapa
mbak? ”
Dewi Pink : “ Kumbahna sandhangan
reged iki ing kali,aja ing mesin cuci ! ”
Dewi Biru : “ Jupukna banyu kanggo
aku adus lan yen wis bar gosokke klambi klambiku nganthi alus,aja nganthi aku
weruh yen klambi klambiku pada lecek ya ! ”
Dewi Kuning : “ Inggih mbak...! ”
Bu Wati : “ Dewi Kuning, ayo cepet
nyapu jogan lan latare kae. ”
Dewi Kuning : “ Inggih Bu...! ”